Atun buru bain mari naker beras teka genthong. Dicidhuk, ana kira-kira rong cingkiran. Dipucusi, arep ngeliwet.
Unine Atun gendhingan ngancani abane jangkrik hang mula nengeri gok wis bengi. Tangane hang tengen nyekel kuping pancine, hang kiwa milihi lemi-lemi ambi las-e. Banyu lerine ditadahi ana ring timba, keneng dinggo siram-siram tanduran hang ana ring ngarepan umahe.
Lakine sedhilut engkas teka. Atun nulih jam hang ditemepelaken ring tembok sandhingan ambi potreke iyane ambi lakine kala semana magih dipacaki dadi penganten. Kira-kira ana gok saulanan digu. Atun ngadeg nong ngarepe kaca. Garuan. Sak sing-singe, makene katon rada ringkes, rambute hang mawul-mawul. Rambute hang rada dawa, dipalung memburi. Dikuncung nganggo karet pecake untingane terong hang mula seja diparoti diandoh ring lengene pelanca pawone.
Sega liwete, magih gemulak. Gemeluthuk-gemeluthuk abane. Ambi lungguh caring ana ring ngarepe bengahan, Atun ngerijigi gundha ulihe amet ring kedhokane Man Rapi’i. Abete ulan kaya intep-intep ring walike ram-raman cendhela pawon. Nyentor ngulon ngantem awake Atun.
Atun amet lobok ring ceraken ana gok limang iji. Ngguplik terasi sak cuil, ape dibakar ring lambene bengahan. Njuwut ranti hang magih belangat, uga dideleh ring pinggirane bengahan gena mathing-mathing. Cuwek hang maune kemureb, dikelumahaken ape dienggo nggerus sambel mauka. Atun terus melaku nyang ngarepan umahe. ngamet uwohe jeruk sambel hang rada cilik, nyempal parek talang.
Kelap-kelipe lintang hang sengidanan—melak melok—nong kadohan dadi rewange nganteni lakine hang durung katon, kelamprenge.
***
Apidi magih gelimpangan ning pelanca mari ngombe kopi sak morong, taker matane penyar.
“Rika iku setemene kelendi sih Kang! Gage pegaten bain wis, aju rabinen Isun. Timbang kaya gedigi, sing wurung-wurunga ya bakal ketemon!” Jare Alimah ambi rada ana rasa kuwatir lan sing enak ati.
“Jeh.. ngerabi randa kaya Rika?” Abane Apidi ambi mencep kaya nyamah. Kaya ana mari ngomong kebengoren merga kakean amet sambel, taping ya sing kapok. Ngomong gok pedhes, taping tetep didulit.
“Weruh randa, apuwa Rika kari alang-alang mala?” Umike Alimah. Sing ana sithika belaka rasa bangkel merga ucape Apidi hang setemene nggarahi ati lara. Mula nyatane Alimah randa.
“Bathang, kadhung disengidakaken suwi-suwi keasir ambune Kang!” abane Alimah negesi. Pegaten bain Atun Kang! Setemene paran hang Rika tulih teka Atun? Berahi ya using.” Ujare Alimah mangkat mbandhingaken. Apidi meneng bain sing semaur paran-paran.
Apidi ngadeg nyandhak capile. Mborod mulih, sing kathik pamitan suwi.
Mung siji hang ana ring pikirane Apidi. Iyane kudu gancang mulih, wis katon-katonen nyang sega liwete rabine. Serehne iku, Alimah mung nulihi boyoke Apidi hang ilang teka walike lawang.
***
Abane sepidhah motor kaya buru mati mesine ana ring ngarepan. Atun sing kathik nge-ngekaken lawang. Abane kosrogan sandhale lakine katon saya marek nyang iyane.
“Kek, mauka mari mampir nyang emak. Digawani sabrang.” Apidi ngelungaken keresek cemenge nyang Atun, tanpa nulih rupane rabine.
“Kari akeh Kang, emak gok nguwani?” Abane Atun ambi nampani. Apidi sing kathikan semaur, langsung nguthak sandhal lungguh ring pelanca pawon.
“Dhik, wis ditambani?” takone Apidi ambi nyela rambute rabine hang ngalangi bathuke—seru welase. Atun seru omese, ambi ngelayani lakine ngedhuk sega nyang piring.
“Aja Rika kuwek-kuwek, makene gelis garing.” Ucape Apidi ambi mudhun teka pelanca, menjero kamar njuwut obat kaya balsem, kelir ijo tamba boroke rabine. Sak delembok kenceng pelengane hang tengen. Atun gancang nyeragut tamba hang dicekel lakine.
“Makene Isun bain ra wis Kang. Wisuhana tanganrika. Gage madhanga selak adhem liwetane.” Tangane Apidi hang nyekel tamba, kegegem tangane Atun. Sing pira suwi, Apidi namataken ulihe nulih rabine. Apidi ngambung mbun-mbunane rabine, welas temenanan.
Ambune sega liwet mula sing ana tunggale. Atun lungguh ring ngarepe lakine. Dhep-dhepan, keterak sunare ulan teka wetan ambi gesah-gesahan.#