Subuh rantag manuk cucak padha gendhingan saut-sautan nang empang jajang ori. Gesing, manuk Manyar hang gelantongan gendhingan ambi membat mayun nang sisihe hang cemantel nang empang jajang. Sampek temiyung nyangga sisihe, manuk puter hang nang teras manthuk-mantuk muni sakat sak durunge subuh mauka.
Mak Haji Baderus ebuk nang pawon ambi nyemprongi serotong ngurubaken geni hang buru ketunu nang bengahan. Haji Baderus ambi gendhingan masang topong lan kendalin jarane, sarta wis rampung kabeh gage gula aren hang wis diwadhahi tobos diunggahaken nang dhongkare. Sarta marek ningkesi tobos nang dongkare, H. Baderus melebu umah ambi celathu nyang hang wadon,
“Dhik udhengisun endi?”
“Iku wis cemepak sak kopine nang meja ngarep, Kang.”
Ambi ngombe kopi jumput gedhang saba bakar hang wis diolesi juruh gula aren, H. Baderus ngerasakaken enake gedhang saba bakar hang mbakare diating-atingaken nang bengahan, ambi nguyub kopi ngomong:
“Kopi teka Glenmore sabane wis entek Dhik?”
“Rika iki kelendi sih Kang Aji…alih Rika dhewek hang nguwakaken nang anak lanang aju larene mulih sabane.” Anak lanange hang wis dadi tentara dines nang Batalyon Kostrad Singasari Malang.
“Iya lali Isun…. Kadine kopine beda sing kaya sore rasane. Wayahe nang Glenmore maning iki pesen kopi nang Boasan. Sabtu engkesuk pasaran Genteng mesisan nyang Glenmore Isun Dhik. Gelundhung mau wis teka tah?”
“Uwis Kang magih sarapan kai.”
Gelundhung lare lancing magih pernah ponakane dhewek ya murid santrine H. Baderus hang dadi rewange megawe. Sapa sing kenal nyang H. Baderus wonge gedhi dhuwur, brengose mangklang kaya Raden Gatut kaca, otot lengene pada katon mencengul kadhung tangane nekuk. Guru ngaji ya guru pencak nang Gladag, arane wis kawentar sak Banyuwangi.
“Dhik Isun pamit mlaku..eh iya mengko kadhung kang Dorik teka warahen kon ngerijigi gedhogan Grahana yah.. Assalamualaikum.”
Mak Hajjah ngeteraken sampek gadug pagere umah ambi ngambung tangane hang lanang nyaut salam. “Waalaikum salam Kang, ati-ati.”
Grahana aran jarane, polae lahire pas Grahana serngenge mula diarani grahana, jarane cemeng belang putih nang bathuke, buntute nyapu jagat, sikile pancal panggung, sikil papat kaya nganggo kasut putih. Gagah kaya kusire. Lis kendhali dikipataken, Grahana ngringkik aju ngetepeng melayu nggawa wowotan gula aren.
H.Baderus selendhangan sarung pelikat nganggo udheng Sekar Gadung sempatan maling. Kelambi cemeng sluwar cemeng nganggo epek gedhi werna iju hang ana dompete. Gelundung ambi sangga uwang nang kiwane H. Baderus. Gadug sasak Bloro ana rame-rame uwong pada ngrubung. Tan kocapa H. Baderus melencat teka dhongkar, Gelundung geragaben nirima elis kendhaline jaran. H. Baderus miyak uwong hang pada ngerubung. Temakaken ana wong lanang loro ditingkes dadi siji, wong loro mau padha kepileng sing tangi-tangi masiya dioyag-oyag awake. H.Baderus nyandak uwong loro mauka aju ngeculaken tingkesan tali dhadhung hang kenceng iku terus ngelumahaken nang tatakan ril sepur. Lambéné H.Baderus cemit-cemit, terus ngusap raine wong loro mauka. Let sedela wong loro mau tangi lan kaya wong bingung nulih H.Baderus lan nyapa: “Kang Haji kesuwun Kang..byek kecolongan Isun Kang…”
H.Baderus kaget merga sing lali gok wong hang ngomong iku H. Hasan Sentot juragan beras teka Parijatah Kulon, kancane mondhok nang Kepundungan Srono bengen.
“Wis mengko bain ceritane ayo sakiki milu Isun nang Lincing nang umahe tabib Babah Chan.” H. Hasan Sentot dituntun nyang dongkar lungguh jejer Gelundung ambi rewange H. Hasan Sentot. Wong-wong hang milu nulungi mauka magih pada ngrubung nang dhongkare H.Baderus.
“Wis dulur-dulur kabeh kesuwuun yah iki adhikisun dhewek. Sak iki Rika kabeh padha bubara, lan nerusaken pegaweyan yah mumpung magih isuk.”
Wong-wong padha bubar lan dhongkare H.Baderus ninggalaken panggonan mengalor nang Rogojampi. Gadug Lincing nang elore pertelon mandheg. Wong papat mauka padha mudhun kabeh. H. Baderus nothok lawang umah cet biru segara nang nduwure lawange ana tulisan Cina “SHIN SHE.”
Ditothok sing ana metu hang duwe umah, genti didhodhok radha anter nyang H.Baderus. Nang njero umah rungu abane wong ngerunyam sing kakaruan radha bangkel katone, serta lawang menga katon iyuk-iyuk lanang tuwek raine katon rijig, masia tuwek melakune gancang lan telikas. Weruh hang merdayoh isuk-isuk H.Baderus sing katikan wis, sak kal celathu
“Lu olang gila Badeluus,..wagi-wagi udah ganggu olang masih tidul ah,“ Babah Chan wis kenal apik nang H.Baderus, pulae H.Baderus yo muride ajar Kung Dauw. Sarta digawa melebu, wong loro mauka dilumahaken nang pelanca kayu hang lemeke kelasa mendhong gawenan Tapan Rejo. Babah Chan ngundha ambegan landhung.
“Heem. ini olang kenak lacun Kecubung wulung aah,“ ambi mbliyaki matane babah Chan Chelatu, “Lu tinggal aja olang ini Badeluus nanti ciang Lu olang balik sini.”
H. Baderus nyaut “Nggih Bah..Kula nang pasar sulung, Bah.”
Jarane diseblak sak kal melayu nyonklang kepeder. Gelundhung sampek kelumah merga kaget. Let sedhela wis gadug nang pasar Rogojampi.
“Ndhung edunna gulane timbangen pisan, aja lali jaluken pisan picise hang bengen temen durung dibayar.”
H. Baderus nyekel timba nggawe adonan tetes tebu dhedheg lan banyu diuled aju di comboraken nang jarane. Gelundhung ngedhunaken gula aren nang tokok langganane. H.Baderus melaku katon rada gupuh nang warung kopi hang rame wong padha gesah royak cekakakan. Sarta weruh H.Baderus teka padha sing ana hang muni.
“Assalamualaikum duluur..” salame H. Baderus kaya geludhug disaut bareng wong sak warung kopi, “Walaikum salam..”
Hang dodol kopi marani ambi nawani,”Kang Aji kopi tah teh Kang?” Abane Sapuah randha anak siji wong Prejengan Rogojampi.
“Kopi Dhik.. aja kari ancang yah kopine.” Sapuah ambi ngerakuti gelas hang wis entek kopine, melakune megal-megol kaya menthok arep ngendok pamer bokonge hang kaya nangka sesigar. Kopi diuyup ana wong marani H. Baderus, “Kang kelendi mau Kang..isun rungu kabar lalare muka padha ruwed jare nang sasak Bloro ana kedadeyan.”
Hang marani lan takon arane Pak Pekih guru pencak Alasmalang adik seperguruane H. Baderus.
“Iya Dhik Pekih katone pokale begal Sasak Dhuwet, kelendi milu tah Rika mengko bengi?” H.Baderus nguyup kopi maning.
“Ya jelas milu Isun Kang…Sun anteni nang Perapatan Alasmalang, lalare Sun jak tah using?” “Sing usah, jak loron bain, paling nemoni Ketang ambi Munali. Begal Sasak Dhuwet iku wis kewentar nang endi-endi kerenge. Jam setengah siji dhongkar wis gadug Sasak Dhuwet, buru arepe ngeliwati sasak, mara-mara ana wong papat nyegat dhongkar ambi celathu, “Kang njaluk udude, Kang.”
H.Baderus nyaut,”Isun sing duwe udud, ana kari tepake kek. Iki bain Ketang hang pelakon.” Rungu arane Ketang disebut, salah sijine wong mau mbukak serungkub raine lan ngomong, “Eh Rika Kang Haji, sepurane sing weruh gok Rika hang liwat.”
H. Baderus mudhun teka dhungkar. “Isun merene arepe njumput cikare Dhik Hasan Sentot hang soren mbengi dijaluk uwong nang Sasak Bloro.“
“Isun sing weruh Kang, busuung.”
Sak kal H.Baderus marani Ketang lan nyekel sarung hang dienggo serungkub rai taping Ketang ales lan mbales njotos. Weruh ulih jotosan sikil tengene, H. Baderus mundur. Jotosan hang luput mauka diterusaken ngampret lengene Ketang. Seketane Ketang kaya kesereb dhadhane ditampani dhengkule H.Baderus.
“Ngek.” Ketang sing kerasa ambegan megah-megah kaya nak kelangan nyawa, sarta tiba kesereb ditututi tungkake H.Baderus pas nang gulune Ketang.
“Nang endi cikare Dhik Hasan Sentot? Sun kuthung gulunira dhung sing gelem ngaku.”
Ambi mangap-mangap beconge Ketang ebeg lemah, Ketang ngaku: “Ampun Kang Haji, Isun ngaku.
Bida maning nang Pak Pekih Guru Pencak Alasmalang dikerubut wong telu, hang loro wis dijejeg melesat kecebur nang banyu, hang siji wis ditelingkung tangane. Ambi peringisan Pak Pekih nyuleki matane gerombolan Begal Sasak Dhuwet. Hang diculek berak-berak njaluk sepura. Begal loro mauka dijak nang Sengon kidule Mangir marani cikare Hasan Sentot. Cikar lan isine magih wutuh. Pak Hasan Sentot seru girange merga barang dagangane magih wutuh. Nang warunge Bik Sapuah santer wong ngomongaken Begal Sasak Dhuwet wis gemet ditumpes nyang H.Baderus lan Pak Pekih Alasmalang. Congklange Grahana ngered dhongkare H.Baderus kaya-kaya rodhane miber. Sampek seprene Sasak Dhuwet aman diliwati nyang para belantik sapi lan juragan beras. Sasak Dhuwet sak iki rumyang sing ana katon sunut lan angkere.
Kudus , 2 Oktober 2016